Sejarah Desa

Adm1nistrator 30 April 2014 17:20:39 WIB

ADEGING KALURAHAN GROGOL

 

Sakdurunge jaman Negara Kesatuan Republik Indonesia, pamarintah desa ngugemi Ordonansi Desa, saka pamarintah Belanda yaiku sa Inlandse Gemeeten Ordonantie (IGO) Staatblad 1906 nomor 83, katitimangsan 03 Februari 1906. Iine pamarintah desa, nganggo ukara (numenclatur) kalurahan, diakoni minangka Badan Hukum resmi. Kalurahan dipimpin dening lurah lan saprangkate sing diarani Pamong Desa. Pranatan iku dihurmati lan diterapake dening Kasultanan Ngayogyakarta, mula iku dadi pancatan nulis buku sejarah desa.

Sabanjure pathokan kanggo nulis carios sejarang sing kapindho, yaiku Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat nerbitake Rijksblad nomor 12 tahun 1916, tanggal 17 Mei 1916, tanggal kaping 14 wulan Rajab tahun 1846 Jawa. Isine  yaiku netepake Kabupaten Gunungkidul minangka wewengkon saka Negari Kasultanan Ngayogyakarta. Pranatan iki ditapakastani uga saka Residen Yogyakarta minangka badan wakil Pamarintah Hindia Belanda.

Pranatan Rijksblad nomor 12 tahun 1916 iki bakune mrentahake menawa sakabehing desa-desa ing wewengkon Nagari Ngayogyakarta Hadiningat nggunaake tata laksana kaya dene kang bakoni dening kasultanan. Rijksblaad uga disahke dening paprentahan Hindia Belanda. Kabupaten Gunungkidul kaperang dadi telu distrik (kepanjen), yaiku Wonosari, Semanu lan Playen. Distrik Wonosari ngandhahi onderdistrik (kapanewon) Wonosari, Karangmojo, Mulo, Tepus lan Nglipar. Distrik Semanu ngandhahi Semanu, Ponjong, Bedoyo, Rongkop, lan Semin. Dene Distrik Playen ngandhahi Playen, Paliyan, Panggang lan Patuk. Onderdistrik kang dadi cikal-bakal 14 kapanewon ing Gunungkidul.

Sawuse Rijksblad nomor 12 tahun 1916, banjur metu Rijckblad van Jogjakarta nomor 10 tahun 1927, tanggal 16 Februari 1927, anane pranatan anyar, sing ngatur bab wewengkoning Kabupaten Gunungkidul. Ing pranatan iku Onderdistrik Paliyan, sing maune ana 11 Kalurahan, dadi 14 Kalurahan yaiku: Grogol, Karang Dhuwet, Karang Asem, Djetis Kulon, Pampang, Giring, Kepek, Kanigara, Monggol, Pladjan, Ngora, Seda wetan lan Krambil Sawit. Kalurahan Grogol kacathet ing nomor 86.

Nalika tanggal 8 wulan April tahun 1945, sadurunge proklamasi kamardikan, kasultanan ngedalaken Rijksblad Jogjakarta Koorei, sing isine netepake wilayah ing Kasultanan Ngayogyakarta dumadi saka Kota Yogyakarta, Kabupaten Sleman, Kabupaten Bantul, Kabupaten Kulonprogo, lan Kabupaten Gunungkidul. Saben kabupaten ngandhahi pira-pira distrik utawa kapanjen, kepanjen mbawahi subdistrik, lan subdistrik ngandhai kelurahan.

Pranatan sakbanjure yaiku minangka ana dhawuh Maklumat Sri Sultan Hamengkubuwana nomor 05 tahun 1948 tanggal 19 April 1948. Ing maklumat iku, Kabupaten Gunungkidul sadurunge ana 168 kalurahan didadeake 141 kalurahan. Kalurahan-kalurahan sing dianggep cilik didadekake siji karo kalurahan sacedhake minangka nggancarake pembangunan nasional. Saben kalurahan kedadean saka kurang luwih 1300 jiwa. Ana ana kalurahan cilik sing didadekne siji marga ora nduwe lemah lungguh kanggo lurah lan pamongpraja. Ana ing maklumat iku, Kalurahan Grogol Paliyan kacathet nomor 17.

Sadurunge nganggo jeneng Pamarintah Desa, jaman biyen isih nganggo jeneng kabuyutan, pradesan, kampung, dusun, kademangan, kepanjen, karanggan, kawedanan lan liya-liyane, wiwit taun 1906 Pamarintah Desa wus diakoni dadi Badan Hukum. Menawa sakdurunge para bekel, demang, lan lurah jabatane isih turun-temurun. Wiwit ana pranatan-pranatan anyar iku,  sapa kang dadi lurah  nganggo cara pilihan.

Sujarah lampahing paprentahan Kalurahan Grogol Paliyan, ngenut lakuning desa ing tlatah Ngayogyakarta kawiwitan saka lurah kang kababar ing ngisor iki.

 

  1. Lurah Tokaryo (Taun..….. – Taun…….. )

Anut ngendikaning para sepuh saha warga masayarakat ing Grogol, Lurah Tokaryo kaanggep minangka lurah kang sepisan ing jaman Londo. Para sepuh lan warga ing Grogol padha ora mangerteni wiwit taun pira anggone Tokaryo ngasta bekel apa wus ngaggo jeneng Lurah, jalaran ora ana arsip kang kasimpen ing kaluran. Senadyan ana buyut ki Tokaryo kang tasih sugeng, nanging uga ora magerteni kanthi pana tahun pira anggone Tokaryo wiwit ngasta bekel utawa lurah, lan sapa wae kang dadi pamong perangkat desane.

Wektu jaman Londo biyen durung ana tembung lurahkanggo wong kang mimpin lajuning paprentahan desa, nanging nggunaake tembung bekel. tegese wektu iku pranatan paprentahan isih nganggo pranatan saka Pamarintah Hindia Belanda. Jaman semana, ana ukum adat, ing kalurahan, ana pamongpraja sing sabyantu lurah, yaiku carik, jayabaya utawa jagamiruda, ulu-ulu utawa jagatirta, kabayan, kamituwa utawa bekel sepuh, modin utawa kaum lan bekel. Carik iku  juru tulis utawa sekretaris desa. Tugase babagan surat-menyurat, kearsipan saha tugas-tugas administrasi.

Jagabaya utawi jagamiruda, yaiku pamong sing nduweni tanggung jawab babagan keamanan. Bayan utawi kabayan yaiku pamong sing sabyantu lurah mbiwarakake dhawuh-dhawuh saking kelurahan utawa juru penerang, lan uga ngaturake asjid ulem. Jagatirta utawi ulu-ulu yaiku pamomg sing duweni jejibahan  babagan petoyan, utawa pengairan. Saben desa mbutuhake tenaga lan paugeran bab pengairan.

Kamituwa yaiku kaya dene wakil lurah, neng tlatah liya asj kasebut bekel sepuh. Dene bekel iku saemper karo dhukuh, yaiku panguwaos kewilayahan. Dene pamong liyane yaiku modin, utawa kaum, yaiku pamongpraja sing pana ing babagan agama, lan kajibah ngurusi sripah, mimpin donga, ngimami sholat jamaah, khutbah jum’at, ngajari ngaji kitab lan dadi paran pitakon warga babagan agama.

Sabanjure Ing taun 1916 Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat nerbitake Rijksblad nomor 12 tahun 1916, kang isine netepake Kabupaten Gunungkidul minangka wewengkon saka Negari Kasultanan Ngayogyakarta. Pranatan iki uga ditapakastani saka Residen Yogyakarta minangka badan wakil Pamarintah Hindia Belanda. Pramila kanthi dhasar Rijksblad Kasultanan Ngayogyakarta nomor 12 tahun 1916, bab pratelan pembagene paprintahan ing kabupaten Gunungkidul, hambok bilih punikan katetepna minangka taun wiyosipun Kalurahan Grogol yaiku 17 Mei 1916, dinane Rabu Pahing. Hijriahe ngepasi 12 Rajab 1334 H, tahun Jawi 1846, wukunipun Wayang, Windu Kuntara.

Saking suwene jaman, para sepuh lan warga ora mangerteni pesthine tahun pira Lurah Tokaryo wiwit ngasta lurah, sapa wae kang dadi pamonge lan kepiye lajuning paprentahan ora ana sing bisa mratelaake kanti cetha nganti saiki. uga ora ana arsip kang kasimpen ing kalurahan Grogol.  Bab iku hambok bilih ndadekake sujarah kalurahan Grogol kang ilang utawa durung ketemu. Nanging miturut ngendikane sesepuh kalurahan grogol, Lurah Tokaryo ngasta lurah ora suwe antarane mung 6 taun. Pasareane Lurah Tokaryo lan Nyi Tokaryo ana ing pesarean padhukuhan Grogol kapanewon Paliyan.

 

  1. Lurah Karyo Dikromo (taun….-taun…….)

Lurah kaping pindho ing Grogol Paliyan yaiku Lurah Karyo Dikromo. Lurah Karyo Dikromo punika taksih kadang muda utawa rayinipun Lurah Tokaryo. Wiwitane Lurah Karyodikromo ngasta Lurah ing kalurahan Grogol uga ora ana kang mangerti taun pira, sebab nganti saiki durung ditemoake data utawa arsip sing dadi pathokan anggone ngasta lurah. Ing jaman paprentahan Lurah Karyo dikromo uga kalebu sejarah kang ilang utawa durung ketemu. Para sesepuh lan warga ing kalurahan Grogol ora mengerteni kanthi pana tahun pira Lurah Karyo Dikromo wiwit ngasta lurah, sapa wae kang dadi pamonge lan kepiye lajuning paprentahan ora ana sing bisa mratelaake kanti cetha nganti saiki. uga ora ana arsip kang kasimpen ing kalurahan Grogol. Pasareane lurah Karyo Dikromo mapan ing pasarean Kedungdowo.

 

  1. Lurah Arjo Sukarso (Taun….. - Taun 1946)              

Lurah Arjo Sukarso lurah Grogol kang kaping 3 punika taksih putranipun Lurah Karyo Dikromo yaiku lurah kang kaping 2. Miturut ngendikane sesepuh kalurahan Grogol, Lurah Arjo Sukarso ngasta lurah ing Grogol Paliyan wiwit jaman sakdurunge penjajah Jepang ana ing bumi nuswantara. Penjajah Jepang tumeka ing bumi nuswantara taun 1942. Iku tegese Lurah Arjo Sukarso ngasta lurah sadurunge taun 1942, nanging pase taun pira ora padha kemutan.

Salah satunggaling sesepuh kang uga mantan perangkat desa mratelaake, menawa Lurah Arjo Sukarso tahun 1946 akhir mandeg anggone ngasta lurah ing Kalurahan Grogol jalaran ketampa Pegawai Negeri Sipil dados mandor kehutanan. Para sepuh, warga saha perangkat desa mangertosi menawa lurah Arjo Sukarso punika lurah kang kaping 3, nanging sami mboten kemutan sapa wae sing dadi perangkate  apa kang dadi program-programe pembangunan. Jaman semana Daleme Lurah ya digunaake dadi kantor utawa Bale Kalurahan. Sakabehing laying administrasi lan arsip kalurahan uga mapan ing daleme Lurah Arjo Sukarso. Ing sajroning ngasta Lurah, dalemipun Lurah Arjo Sukarso kang minangka dados kantor lurah kenging bebaya kobongan. Kanthi bebaya kobongan punika ndadeake sakabehing arsip lan dokumen bab paprentahan kalurahan Grogol kang ana ing daleme Lurah Arjo Sukarso  musna katut kaobong. Pasareane Lurah Arjo Sukarso uga mapan ing pasarean Kedungdowo.

 

  1. Lurah Sastro Diwirjo (Taun 1947 – Taun 1965)

Sawuse Lurah Arjo Sukarso mandheg anggone dadi Lurah jalaran ketampa PNS, ing taun 1947 Lurah Sastro Diwirjo kapilih lurah kang kaping 4 ing Kalurahan Grogol Paliyan. Lurah Sastro Diwirjo mijil saka Padhukuhan Grogol. Sasuwene anggone Sastro Diwirjo ngasta lurah nganti saiki durung ditemokake dokumen utawa arsip sing nuduhake prenahe sasi apa anggone Lurah Sastro Diwirjo wiwit ngasto jabatan lurah. Nanging ana sesepuh kang maksih kemutan menawa Sastro Diwiryo ing taun 1947 wus ngasta dadi lurah. 

Perangkat pamong desa kang sabyantu ing jaman Lurah Sastro Diwirjo yaiku:

  1. Carik                         : Harjo Sentono
  2. Keamanan                 : Adi Kromo
  3. Sosial                        : Purwo Suharjo
  4. Kemakmuran             : Mangun Wijoyo
  5. Kaum                        : Sukarto
  6. Dhukuh Grogol           : Harjo Diryo
  7. Dhukuh Gerjo             : Harjo Diwono
  8. Dhukuh Karangmojo A : Darmo S.
  9. Dhukuh Karangmojo B : Sutiran
  10. Dhukuh Senedi           : Sastro suyanto
  11. Dhukuh Tungu            : Jumar

Jaman Lurah Sastro Diwirjo ngasta lurah, nganti saiki durung ditemoake arsip lan dokumen paprentahan uga program pembangunan kalurahan Grogol. Lurah Sastro Diwirjo ngasta Lurah nganti taun 1965. Pasareane Lurah Sastro Diwiryo mapan ing pasarean keluarga ing dhukuh Grogol.

 

  1. Lurah Hadi Suwarno (1965-1996)

Sawuse Lurah Sastri Diwirjo rampung anggone ngasta lurah, Lurah Hadi Suwarno katetepake dadi lurah kang kaping 5 mijil saka dhukuh Karangmojo A. ing jaman Lurah Hadi suwarno, taun 1983 paprentahan kalurahan amiwiti anggone ngawontenaken pembangunan fisik gedhung Bale Kalurahan ing dhukuh Grogol. Perlu dimangerteni menawa jaman-jaman sadurunge, bale kalurahan mapan ing daleme lurah kang njabat wektu iku. Lurah Hadi Suwarno nggadhahi garwa asmane Ibu surani lan peputra cacah 5 yaiku Mardoyo, Yitno Purwoko, Edy Harsojo, Endang lan Rudi hartono.

Sabanjure ing tanggal 31 Maret 1984 pamarintah Kalurahan Grogol ngawontenaken Musyawarah Desa kang duweni kesepakatan nyade Kembang Tanah Kas Desa ing lokasi Bangsal kanthi jangka wektu 13 taun kapitung wiwit taun 1985 nganti 1998. Asile saka sade Kembang Tanah Kas Desa iku kanggo tambah-tambah anggone mbangun gedhung bale kalurahan. Ing surat perjanjen tanggal 19 April 1984, Kembang Tanah Kas Desa dituku dening Bapak Jonowiharjo Al Sarjono saka dhukuh Grogol kanthi rega Rp. 400,000; (Patangatus Ewu Rupiah). Ing surat iku uga ditapakastani Lurah Hadi Suwarno minangka pihak I lan Bapak Jonowiharjo minangka pihak II utawa pihak sing tuku.

Lurah Hadi Suwarno uga kabiyantu dening perangkat pamong desa. Pejabat perangkat pamong uga gonta ganti. Para pamong desa ing Lurah Sastro Hadi Suwarno yaiku:

  1. Carik                          : Sumartono
  2. Keamanan                   : Kijan diganti PJ Wasdi
  3. Sosial                         : Suyatin
  4. Ekonomi/kemakmuran : Ngatijo diganti Wakidi
  5. Kesra                          : Suyadi
  6. Dhukuh Grogol            : Sauntung
  7. Dhukuh Gerjo              : Suyatin diganti Sudoto
  8. Dhukuh Karangmojo A : Mardal diganti Tukimin (pensiun) diPJ Wiyanto, Sri Madani
  9. Dhukuh Karangmojo B : Samento diganti Wonosuwito
  10. Dhukuh Senedi            : Soukir diganti Suprihatin (undur diri) diganti Sutrisno
  11. Dhukuh Tungu             : Wakidi diganti Ngatimin

Saged dipun cathet, asiling pembangunan ingkang pinunjul rikala Lurah Hadi Suwarno  kajaba ngawontenaken gedhung Bale Kalurahan uga Ngawontenaken program Panca Marga:

  • Jalan lingkungan lingkar desa wiwit mlebu padukuhan Grogol nganti metu saka padhukuhan Karangmoho A
  • Tugu batas wilayah
  • Irigasi kang mapan ing Bulak Lungguh Grogol
  • Mengapur Genteng kanthi tulisan Panca Marga
  • Poskamling kanggo keamanan lingkungan

Ing jaman Paprentahan Lurah Hadi Suwarno uga ana pembangunan masjid saka YAMP (Yayasan Amal Bakti Muslim Pancasila) kang mapan ing sisih lor bale kalurahan. Masjid iku jenenge masjid Ki Ageng Pemanahan kang dadi salah sawijining ikon kalurahan Grogol. Pesarean Lurah Hadi suwarno mapan ing pasarean Kedungndowo Kulon, kalurahan Pampang, kapanewon Paliyan.

 

  1. Lurah Sugiyarto (1996-2014)

Lurah Sugiyarto katetepake lurah kaping 6 ing kalurahan Grogol Paliyan. Wiwit jaman iki ana pranatan  kanggo masa periode jabatan Lurah yaiku 10 taun. Lurah Sugiyarto saking dhukuh Senedi gadhah garwa Tri Supiyatmi mijil setunggal putra.  Lurah Sugiyarto  ngasta lurah nganti 18 taun suwene wiwit taun 1996 nganti taun 2014. Lurah Sugiyarto bisa ngasta lurah nganti suwe Jalaran ing Pilkades tahun 2004 ing periode sing kapindho menang ing pilihan Lurah ngalahke Istono minangka calon lurah liyane.

Nanging Ing taun 2014 Lurah Sugiyarto mandeg anggone ngasta lurah. Sawuse lurah Sugiyarto mandeg anggone dadi lurah, ana Surat Keputusan Bupati Gunungkidul Nomor 141/48/PG/KPTS/2014 kang isine netepake Ngadiyono dadi Pejabat Kepala Desa Grogol Kecamatan Paliyan. Surat Keputusan iku katetepake ing Wonosari tanggal 03 Juni 2014. Wiwit tanggal iku Ngadiyono dadi  Penanggung Jawab  (PJ) paprentahan kalurahan Grogol nganti entek masa periode kepemimpinan Lurah Sugiyarto.

Ing jaman Lurah Sugiyarto lan PJ Ngadiyono uga kabyantu dening perangkat pamong desa. Pejabat perangkat pamong uga gonta-ganti. Para pamong desa ing Lurah sugiyarto  lan PJ Ngadiyono yaiku:

  1. Sekretaris Desa          : Sumartono
  2. Keamanan                  : Ngadiyono sabanjure dadi PJ Lurah
  3. Sosial                         : Sugiyatno diganti Widada tahun 2010
  4. Ekonomi/kemakmuran : Wakidi diganti Sarwi tahun 2002
  5. Kesra                         : Suyadi
  6. Kaur Umum                : Wasdi
  7. Sekretaris BPD            : Wiyanto 2002-2007
  8. Dhukuh Grogol            : Sauntung (pensiun) diganti Muh Farris Purwanto
  9. Dhukuh Gerjo              : Sudoto
  10. Dhukuh Karangmojo A : Tukimin
  11. Dhukuh Karangmojo B : Wono Suwito
  12. Dhukuh Senedi            : Sutrisno
  13. Dhukuh Tungu             : Ngatimin (pensiun 2006) diganti Agung Purwanto

 

Saged dipun cathet, asiling pembangunan ingkang pinunjul rikala Lurah Sugiyarto  punika yaiku: perbaikan dalan lingkungan lan dalan usaha tani, pembangunan kios pasar Karangmojo A, program Penampungan Air Hujan ing saben-saben RT, perbaikan administrasi, Pembangunan gapura Lar Badhak lan Pengaspalan dalan desa -+ 6,25 km lan pentas kesenian kethoprak.

 

  1. Lurah H. Suhari (Taun 2014- Tahun 2018 +6 sasi, undur diri) dilanjut PJ Drs. Purnomo saka Capem kecamatan nganti taun 2020.

 

Lurah H, Suhari  mijil saka padhukuhan Grogol gadhah garwa Ibu Suparmi katetepake dadi lurah kang ka-7 ing kalurahan Grogol Paliyan minangka menang ing pilkades tahun 2015. Ing pilkades iku uga ana calon lurah liyane yaiku Ngadiyono saka padhukuhan Senedi lan Suprehatin uga saka Padhukuhan Senedi. Ing jaman Lurah H. Suhari nggunaake pranatan masa periode 6 taun, iku tegese masa periode Lurah H, Suhari taun 2014 tekan taun 2020.  Nanging ing Lurah H. Suhari ngasta lurah ora nganti entek ing taun 2020, sebab ing taun 2018 punjul 6 sasi Lurah H, Suhari  mratelakake undur diri saka jabatan Lurah lantaran gerah.

Sawuse Lurah H. Suhari mratelakake undur diri, Bupati Gunungkidul Ibu Badingah paring Surat Keputusan Bupati Nomor 141/04/PJ/KPTS/ 2020 bab Pengangkatan Saudara Drs. Purnomo dadi Pejabat Kepala Desa Grogol Kecamatan Paliyan. Wiwit ananane surat Keputusan Bupati iku Kalurhan Grogol dipimpin dening Drs. Purnomo nganti enteke jabatan 2020.

Lurah H. Suhari uga kabiyantu dening perangkat pamong desa. Pejabat perangkat pamong desa ing Lurah H. Suhari :

  1. Sekretaris Desa                 : Lumenta Hadi
  2. Keamanan                         : Ngadiyono
  3. Sosial                                : Widada
  4. Ekonomi/kemakmuran        : Sarwi Banaradi
  5. Kesra                                : Winarto
  6. Kaur Umum                       : Sidiq Purwanto
  7. Perencanaan                      : Wiyanto
  8. Dhukuh Grogol                   : Muh. Faris Purwanto
  9. Dhukuh Gerjo                     : Rahmad Agus Priyana
  10. Dhukuh Karangmojo A        : Sri Madani
  11. Dhukuh Karangmojo B        : Latip Wahyudi
  12. Dhukuh Senedi                   : Sutrisno
  13. Dhukuh Tungu                    : Agung Purwanto

 

    8. Lurah Latip Wahyudi (Taun 2021- saiki)

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung